Minggu

Manuk Podhang Memitran karo Semut Angkrang

Ing pinggir kali ono sawijining manuk Podhang sing lagi menclok ing pange wit-witan. kaya – kaya manuk Podhang mau milang – miling golek pakan kanggo ngiseni telihe sing kroso luwe . Isih pas nyiceng mangisor kok manuk podhang mau weruh ana semut angkrang sing keli ing sangisore wit waru sing mangklung menyang kali mau. Semut angkrang gembar – gembor njaluk tulung, sebab deweke ora bisa nglangi .
krungu ana semut angkrang gembar – gembor, manuk podhang treyuk atine. Deweke banjur golek akal kepriye carane nulungi semut angkrang sing keli ana kali kuwi. Manuk Podhang nemu akal. Dheweke banjur nothol godhong waru sing kuning saengga tiba ngleyang. Kebenaran wektu wis ora ana angin gedhe, lan ndilalah tibane godhong waru mau pas ing sandinge semut angkrang sing lagi keli kuwi. Semut angkrang atine bungah dene ana kewan liya sing melas marang dheweke. Gelem nibani godhong kanggo nulungi dheweke.
“ Kapan aku bisa males budi marang manuk podhang. Ben mengko dak golekne dhewe.!
Isih mikir sing kaya mengkono mau, semut angkrang kaget sebab godhong waru godhong waru sing ditumpaki numbuk watu sing ono pinggir kali.
Esuke, semut angkrang mau banjur metu saka grumbul. Dheweke kepengin ketemu karo manuk podhang. Dheweke weruh manuk podhang menciok ing pang cilik ing wit ringin lan roda kadhang – dhangan godhong.
Nanging ujug-ujug saka arah kulon ana suwara “ kresek…kresek….kresek …..! “ semut angkrang nuli noleh menyang arahe swara iku. Jebule ana bocah mindhik-mindhik marani wit ringin sing dipencoki manuk podhang. Bocah sing arep mlintheng mau banjur clilang-clileng maneh, maju mundur. Kebenara pas mandheke kok sikile bocah iku meh ngidak semut angkrang kuwe. Jare semut angkrang “ Lha iki kebenaran, ben mengko yen wis ngicer arep dak cokot sikile !”
Manuk podhang dadi ngerti yen bisane dheweke slamet ora keplintheng mau jebulan ana sing nulungi, yaiku semut angkrang.
Manuk podhang banjur ngucapne matur nuwune marang semut angkrang. Semut angkrang uga banjur kandha : “ sakjane kowe ora usah matur nuwun marang aku. Malanh aku kudu sing matur nuwun marang kowe, sebab nalika aku keli dhek wingi kae wis kok tulungi.
Manuk podhang jawab : “ Oooo…..jebul kowe to semut angkrang sing wingi keli ing kali kae, ta .aku kok pangling . ya wis, saiki ayo padha seduluran bae. Padha tulung – tinulung “
Klusanane manuk podhang lan semut angkrang mau banjur padha paseduluran, urip bebarengan ing sajroning alas sacedake kali gedhe. Ana unen-unen “ Crah agawe bubrah, rukun agawe santosa. “

Tidak ada komentar:

Posting Komentar